12.22.2012

SOAL BAHASA JAWA KELAS 3 SEMESTER 1


1.      Apa sing diarani cangkriman?
2.      Ana pira jinise cangkriman? Sebutna karo tuladhane!
3.      Cangkriman lan batangane:
a.       Pakboletus, batangane….
b.      Nanas, cangkrimane….
c.       Pakbomba, batangane….
d.      Andha, cangkrimane….
e.       Kabaketan, batangane….
f.        Salak, cangkrimane….
g.       Sulak, cangkrimane….
h.       Benik, cangkrimane….
i.         Yen bosok malah enak, batangane….
j.        Endhog karo pithik dhisik endi?
k.      Dikethok malah dawa, batangane….
4.      Ater-ater anuswara:
a.       Bapak (cet) tembok.
b.      Nina (waca) komik.
c.       Ibu (kirim) lelayu.
d.      Ani (sapu) latar.
e.       Kiki (lim) kertas.
5.      Unggah-ungguh:
a.       Salman ndhisiki pakde mlaku. Salman matur….
b.      Salman arep lunga sekolah. Salman kudu….
c.       Menawa didhawuhi Bapak Ibu kudu….
d.      Salman mlaku nang ngarepe Simbah lagi lungguh, Salman matur….
e.       Mbangun turut yaiku….
f.        Menawa luput kudu nyuwun….
g.       Salman arep mlebu omahe pakde. Salman matur….
h.       Yen didukani Bapak Ibu ora kepareng….
i.         Menawa ngomong karo bapak ibu kudu nganggo….

6.      Benerna tembung sing dikurung:
a.       Ana (golek) gunting ing rak.
b.      Menawa ana wong kesusahan kudune (tulung).
c.       Salman (dhawuh) Bapak.
d.      Kanggo (cukup) kebutuhan manungsa kudu (sambut) gawe.
e.       Sapa sing (diduka) Pak guru?
7.      Pitakon:
a.       …. pegaweane para tani iku?
b.      …. carane nglakokake sepur?
c.       …. Salman arep lunga marang Purworejo?
d.      …. siswa ing kelas 3 SD M Condong Catur?
e.       …. Tina ora mlebu sekolah?
8.      Gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki:
a.       Maca
b.      Nggarap
c.       Ngatur
d.      Dipaculi
e.       Adus
9.      Pegawean:
a.       Wong kang sing pegaweane ngatur lalu lintas lan ngatur ketertiban diarani….
b.      Jlagra iku pegaweane gawe perkakas saka….
c.       Tukang gawe barang-barang saka wesi diarani….
d.      Pak Iman pegaweane nambani wong lara ing rumah sakit, Pak Iman yaiku….
e.       Aku pengen dadi wong sing gaweane mulang, sesuk aku diarani….
f.        Sing nglakoake wayang diarani….
g.       Empu iku aranan wong kang gawe….
h.       Kundhi iku….



10.                                                  Kagiyatan Wayah Awan Tekan Bengi
Dani mulih saka sekolah jam siji awan.
Dani mulih numpak sepedha.
Tekan ing omah banjur Dani ganti sandhang.
Sawise iku, Dani sholat ndisik banjur maem.
Sawise maem awan, leren ing kamar karo nggarap PR Matematika.
Sawise nggarap PR, Dani turu awan.
Dani tangi jam telu, banjur adus siap-siap ngaji TPQ ing mushola.
Wayah arep maghrib, Dani mulih ing omah.
Dani shalat maghrib, banjur maem.
Ing wayah bengi, Dani tetep sinau kanggo piwulangan sesuk.
Sawise sinau, banjur shalat Isya.
Jam sanga wayah mapan turu.
a.       Jam piro Dani mulih sekolah?
b.      Apa kang ditindakake Dani sawise tekan ing omah?
c.       Sawise maem awan, apa kang ditindakake Dani?
d.      Ing ngendi Dani ngaji TPQ?
e.       Jam piro Dani mapan turu?
11.  Sinonim lan antonym:
a.       Sinta iku bocah kang becik. Tembung becik padha karo….
b.      Didi awake gedhe. Gedhe kosok balene....
c.       Banu bocahe pinter, nanging adine….
d.      Numpak motor iku cepet getul omah, yen mlaku….
e.       Adhi dhewe ing kamar. Sinonime dhewe padha karo….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar